Sabtu, 21 Januari 2012

tugas pidato bahasa daerah

Assalamu Alaikum Wr. Wb.

 Engkang kinurmatan bapa pangarsa SMP Binaraga,
Engkang kinurmatan bapa saha ibu guru dalah stafipun SMP Binaraga,
Kangmas lan mbakyu dalah para kanca engkang bago mulyo

Langkung rumiyin, mangga kita ngaturaken puji syukur alhamdulillah dhumateng Allah S.W.T. engkang sampun manggehaken kita wonten enjang meniko. Engkang angka kaleh, mboten kasupen shalawat sarto salam kunjuk dhumateng kanjeng Nabi Agung Muhammad S.A.W. kanthi atur Allahumma Sholli Ala Muhammad Wa Ala Ali Sayidina Muhammad.



Bapa Ibu guru dalah para konco engkang bagyo mulyo.
                Ing ngriki kula badhe ngaturaken sesorah wonten adicara pengetan dinten pendidikan nasional. Pendidikan penting sanget. Kathah bab – bab enggal engkang sumberipun saking pendidikan. Pendidikan kaperang dados tigo, enggeh meniko: pendidikan informal, pendidikan formal, lan pendidikan nonformal. Menapa wonten engkang pirsa utawi sumerep sinten to bapak pendidikan kito?

Bapa Ibu guru dalah konco – konco sedayanipun
Bapak pendidikan kito enggeh menika R.M.Suryadi Suryaningrat utawi engkang sampun kaloka kanthi sebutan Ki Hajar Dewantara. Ki Hajar Dewantara kanthi makantar – kantar berjuang wonten jagad ing pendidikan Indonesia. Panjenenganipun berjuang supados putra – putri Indonesia saget pikantuk pendidikan engkang layak. Salah setunggalipun sampun dipundekaken Taman Indria, Taman Dewasa, lan sanes – sanesipun.

Bapa Ibu guru dalah konco – konco sedayanipun
Menawa engkang pirsa sinebak kasebak pendidikan informal, formal, lan nonformal? Pendidikan informal yaiku pendidikan engkang dipuntampi lare wekdal wonten saklebetipun keluarga. Dene, pendidikan formal yaiku pendidikan engkang wonten ing saklebetipun sekolah. Lan, pendidikan nonformal yaiku pendidikan engkang wekdal lare wonten lingkungan masyarakat.
                Pendidikan informal wigati sanget amargi pendidikan manika engkang saget  ndadosake kapribaden lare. Kejawi saking menika, minangka tiang sepuh saget nepangake lare dumateng kawonteran dateng masyaraka. Supados lare anggadahi sikap engkang sae, pramila saking menika minangka tiang sepuh kedah saget maringi tuladha engkang sae.
                Dene pendidikan formal wigati sanget kagem ndidik  lan nglatih engkang wigunani kangge tembe wingking. Winwit saking kawruh Matematika, IPA, IPS, PKn, Bahasa, lan sanes – sanesipun.
                Dene pendidikan nonformal wigunani nalika lare tumuju ing masyarakat kagem pagesangan engkang sampurna.

Bapa Ibu guru dalah konco – konco sedayanipun
Saking menika kita kedah angajeni pendidikan engkang wonten ing indonesia amargi mbetahaken semangat enkang inggil. Kita mboten pareng ngremehake lan kita kedah sinau engkang saestu kangge kemajengan bangsa lan negara Indonesia.

Bapa Ibu guru dalah konco – konco engkang bagyo mulyo
Mekaten engkang saget kula aturaken, mbok bilih wonten kelepatan, nyuwun lumintiring pangaksami

Wassalamu Alaikum Wr. Wb.


Novika Chandra Bhakti (9B/13)

Tidak ada komentar:

Posting Komentar